nDajal

Gemblung : “Ndoro..? ” “Kulo badhe tanglet.”

Ndoro Bei : “Ndang age takok ke… “

Gemblung: “Ndek wau enjing kulo mirengake teng radio dajal kok medeni ndoro? Persis Buto ijo. “

Ndoro Bei: “..uhmm.., terus? “

Gemblung: ” Lha pripun lho Ndoro? Nopo jenengan tepang? Mpun medhal dereng? “

Ndoro Bei: ” Dajal kuy menurutku malah pacakane apik, wajah e mayan, lambene lamis, tukang manfaatne liyan.”
“Ora gek koyo buto… Motone siji, due sungu, rambut gimbal, untue siung.”

Gemblung: “sak estu niku ndoro?”

Ndoro Bei: ” Leh piye toh Blung, yo wes metu. Lha kae koruptor, tukang begal, rampok, trs kancamu sing gateli .. Wakeh mblung, wong apik wes kesisih..sisane dajal karo wong bingung. “

Gemblung: “bingung pripun niku? “

Ndoro Bei: “bingung ale nempatne diri dadi begundale dajal opo dadi wong apik, dadi yo bingung tolah-toleh, eruh tapi meneng.”
“Wes ora usah gagas urip ae sak madya, ora usah nyampuri urusane uwong sing yo mesti durung weruh crito asline. Ora gur jarene…jarene..”

Gemblung: “njih Ndoro, tinimbang rasan2 utowo ghibah..tambah marai salah.., yo ora usah menilai lek jare mbah e” “Apik elek dudu kawasane kene, hananging wes wilayah e Gusti sing dadi hakime.”

Ndoro Bei: “cerdas! ” “Wes tak lungo disik golek pakane pitik. kowe ndango rijik2 latar selak surup Blung. “

Gemblung: “Njih Ndoro… Nderek’aken.”

. : .

Leave a comment